Assalamualaikum
warohmatullohi wabarokatuh
1. Ayat, Surat pembukaan sesuai dengan
acara
Angudubillahiminas
syaitonirrojim Bismillahirrohmanirohim
Alkhamdulillahirobbil
alamin Assolatuwasalamu ala asrofil ambiya iwal mursalin
Sayyidina
wamaulana muhammadin waala alihi wasohbihi ajma’in
Ammaba’du
(
Bisa disesuaikan dengan situasi dan kondisi dan kenyamanan pembawa acara)
2. Penghormatan kepada para tamu,
disesuaikan dengan para tamu yang hadir dan lingkup acara (urut dari yang
tertinggi ke yang rendah)
Ø Hadrotalmuhtaromin
wal mukarromin, poro bapak alim ulama
inkang tansah kawulo ajeng-ajeng fatwa pangandikanipun, ingkah tansah
kawulo hormati
Ø Dumateng
wabil khusus Bpk Kyai Masduki selaku pengasuh masjid baetul barokah inkang
tansah kawulo hormati
Ø Dumateng
poro pinih sepuh soho kasepuhan ingkang tansah kawulo bektosi
Ø Dumateng
Bpk kepala desa sak jonjang rawatipun ingkang tansah kawulo taati
Ø Sumambrah
dumateng sedoyo poro rawuh kakung sumowono putri ingkah tansah kawulo hormati
Ø Mboten
supe dumateng sedoyo pemuda lan pemudi nipun ingkah tansah kawulo tresnani
3. Pengucapan syukur
Poro
rawuh ingkang tansah kawulo hormati ingkang sepindah monggo kito sareng-sareng
ngonjuaken raos sukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang tansah paring
pinten-pinten kenikmatan soho kerohmatan dumateng kito sedoyo sehinggo kulo lan
panjenegan sedoya saged makempal wonten meniko majlis alantara pengaosan
kagem mrengeti wiosanipun junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW,
mugi-mugio pepanggihan meniko andadosaken amal kesaenan, amal silaurahim ingkang
ketampi wonten ngarsanipun Allah SWT, Amin alohuma amin.
4. Rohmat soho salam kanjeng nabi
Poro
rawuh ingkang kawulo hormati, Solawat soho salam mugi konjuk dateng
junjungankito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito ajeng-ajeng
syafangatipun mbenjang ing yaumil akhir, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo
kalebet umatipun ingkang pikantuk syafangat amin allohumma amin.
5. Maksud, tujuan dan permohonan maaf
Poro
rawuh ingkang kawulo hormati, kawulo sowan matur wonten ngarso panjenengan
sedoyo, mboten sanes kawulo dipun pitados dumateng sederek panitia pengaosan
kagem mrengite wiosan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, kapurih angaturaken
runtutipun adicoro wonten ndalu meniko, pramilo mbok bilih anggen kawulo matur
katah klenta-klintunipun atur, saestu kawulo pribadi nyewun agungin samudro
pangaksami khususipun dumateng sederek panitia lan umumipun dumateng poro rawuh
sedoyo.
6. Susunan Acara
Poro
rawuh ingkang kawulo hormati, dene runtuting adicoro ing dalu meniko inggih
puniko
1. Pambuko,
kanti waosan surotul fateah ingkang bade dipun imami dumateng panjenenganipun....saking ....
2. Waosan
ayat-ayat suci Al Quran Ingkang bade dipun asto
dumateng panjenenganpun .....saking.....
3. Istirahat
4. Waosan
solawat nabi ingkang bade dipun asto
dumateng panjenenganipun ....saking .....
5. Maukhidtul
Khasanah Ingkang bade dipun asto
dumateng panjenenganpun .....saking.....
6. Doa
penutup ingkang Ingkang bade dipun imami
dumateng panjenenganpun .....saking.....
Poro
rawuh ingkang kawulo hormati, mekaten runtuting adicoro ing ndalu meniko,
Agargi wekdal sampun sakwetawis ndalu pramilo monggo kito sareng-sareng ngancik
adicoro ingkang sepindah, inggih puniko Pambuko kanti waosan suratul fateah
ingkang bade dipun imami dumateng panjenenganipun ......saking....., wekdal
soho papan kawulo aturaken, sumonggo..
Pembawa acara turun dari panggung
dan mencari tempat yang strategis untuk bisa melihat kondisi dalam panggung
v *Poro rawuh
ingkang kawulo hormati, menkaen adicoro pambuko, mugi-mugi kanthi waosan
suratul fateah meniko saged mbarokahi dumateng kito sedoyo, amin. **Dumateng
panjenenganipun Bpk .....kawulo aturaken agunging panewun, ngancik adicoro
saklajengipun inggih puniko waosan ayat-ayat suci Al Quran ingkang bade dipun
asto dumateng panjenenganipun Bpk ...... saking ......, wekdal soho papan
kawulo aturaken.....
v ....*.....
, mugi-mugi kanthi waosan ayat-ayat suci Al Quran meniko kito pikantuk ganjaran ingkang kathah, amin (bisa di ganti
dengan harapan yang sesuai, pada setiap 1 susunan acara) ....**...
v Untuk acara istirahat,
wekdal kawulo aturaken dumateng juru ladi, sumonggo, untuk memulai acara setelah istirahat poro rawuh ingkang kawulo
hormati, mboten ateges ngirangi kamerdikaning penggalih anggenipun poro rawuh
ngrahapi toto unjuan, ananging sak perlu nglajengaken adicoro sak lajengipun,
pramilo adicoro istihat kawulo cekapi semanten, ngancik adicoro sak
lajengipun.....
v ...*....,
mugi-mugi kanti waosan solawat nabi meniko kito kelebet umatipun ingkang
pikantuk syafangat benjing ing yaumil kiamah, amin......**....
v ...*....,
mugi mugi kanti pengaosan meniko, kito saged ngamalaken ingkang sak mestinipun,
amin ...**...
v Khusus
doa penutup
Adicoro sak inggih puniko lajengipun doa
panutup ingkang bade dipun imami dumateng .....saking.....Ananging sak
derengipun doa penutup kawiwitan, saking kawulo pranoto adicoro ing ndalu
meniko kathah klenta klintunipun atur, saestu pribadi kawulo nyewun agunging
pangaksami khususipun dumateng saderek panita lan umumipun dumateng poro rawuh
sedoyo, saking kawulo, kawulo cekapi semanten Wassalamualaikum wr wb, sekdal
sak terasipun kawulo aturaken dumateng Bpk.........(pemimpn doa
penutup)..sumonggo....
Wis rampung...bayaran wkwkwkkwkwkwkwk
----------------emiroarden.blogspot.com-------------------
No comments:
Post a Comment